Jumat, 19 Februari 2016

Dodo DITANGKEP Pak Polisi (Humor Bahasa Jawa)


Guyon sejenak

Dodo DITANGKEP pak polisi mergo kasus tabrakan.

Polisi: "Ya'o po critané sampèk koe nabrak uwong 20 iku?"

Dodo : "Aku nyetir montor Cepete 90 km/jam.Pas nang. pertelon moro2 rèm-é blong. Nèk ngiwo onok wong lanang loro, lha nèk nengen onok pésta kawinan. 
Cobak pak Polisi, nèk Bapak, pilih nabrak sing endi?"

Polisi: "Yo mesti ngiwo, korbané luwih thithik."

Dodo: "Persis.!! Aku yo mikir ngono Pak !"

Polisi: "Trus la'opo wong2 sing nang pésta kawinan sing  kenèk tabrak?!"

Dodo: "Lhaaa, niku masalahé. Aku wis milih wong lanang loro sing nang kiwo,....eh dèk-é mlayu nyabrang moro nang pésta kawinan..dadi aku yo mbanting stir nengen, nguber wong loro mau Pak...!"

Polisi: "Guoobluooogg....

Dodo: "Enggih leres!! pancen wong lanang loro mau guobloook puooool nggeh pak Polisi. Koq dadak nyabrang nang pésta kawinan barang... 😄😄😝

Sent from my BlackBerry 10 smartphone on the Telkomsel network.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar